Jumat, 01 November 2013

NGETI TEMBUNG-TEMBUNG YING ARTIKEL

mau bagi-bagi tugas yang bikin bad mood, maklum orang jawa tapi kena virus korea jadi bahasa jawanya radan-radan ora jelas, tugas ini dibikin dengan metode kebut semalem... dari sore sampai jam 1 malem ... ini sih emang aku seorang insomnia jadinya tidurnya malem ...

disuruh nyari tembung-tembung dalam sebuah artikel ....





Selasa, 17 September 2013
Artikel Flu Burung

(sumber/ source: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: PenerbitErlangga.)

Kurban manungsa sing ninggal akibat manuk pilek (flu burung) ing Indonesia wis nganti 1000 wong. Korban kasebut meh separo saka angka kurban ninggal ing donya. Penyakit manuk pilek (flu burung) sing disebabake dening virus H5N1 wiwit mlebu tlatah Asia Tenggara kalebu Indonesia  sing pungkasane taun 2003 nganti saiki kurban sing ninggal ing donya wis tekan angka 220 wong.
Sawijine pawongan wanita umur 23 taun saka Jakarta TImur katetepake dadi kurban kang ke-100 ing Indonesia. Manut pangendikane Joko Suyono saka Pusat Penanganan Flu Burung Nasional, Indonesia sawijine Negara kang paling akeh kurban manungsa sing ninggal akibat manuk pilek (flu burung). Kurban wanita saka Jakarta Timur sing ninggal dhek dina Minggu, 2 November 2008 kasebut kurban sing kaping 1000 saka 124 kasus penderita penyakit manuk pilek (flu burung) ing Indonesia. Nganti wektu iki pamarentah isih kuwalahan nanggulangi panyebare virus manuk pilek (flu burung). Meh kabeh penderita manuk pilek (flu burung) ketularan akibat saka kontak langsung karo kewan sato iwen, bangsane pitik, bebek, menthog, manuk, lan sapiturute. Kajaba liwat kontak langsung karo kewan sato iwen, para ilmuwan kuwatir manawa virus H5N1 iki bisa mutasi. Mutasi kasebut bisa liwat ing antarane manungsa sing kena virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1)nularake marang wong liya. Mutasi uga bisa ditularake liwat kewan marang manungsa, kayata laler lan bi kaya kasus sing durung suwe iki kadadeyan ing Bogor. Manut para ilmuwan, kasusu mutasi iki dikhuwatirake yen sumebar bisa ngakibatake pandemic lam bisa ngancam nyawane jutaan manungsa. Virus H5N1 iki nyerang saluran pernapasane manungsa. Mulane, manungsa sing kena virus iki bakal ngalami penyakit saluran pernapasan akut. Nulare virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1), kahya lar flu sing dialami manungsa, nanging sing mbebayani penyakit flu iki bisa ndadkekake manungsa nemahi tiwas. Manungsa sing ketularan virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1), awake panas nguntar-untar, lan suwene-sewe awake bakal lemes. Yen wis akut, angel banget tambanane. Manungsa sing ketularan virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) iki gampang nularake viruse marang sapa wae, mulane mbebayani banget. Sapa wae sing kena virus iki kudu enggal berobat menyang rumah sakit supaya enggal entuk perawatan lan mlebu ruang isolasi, supaya ora nulari wong liya. Manut pangandikane Bapak Menteri Pertanian, kanggo nanggulangi wabah penyakit iki, sato iwen ing ketaman virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1)bakal dimusnahake, wondene sing isih sehat bakal dislamtekae. Bapak Presiden ing istana Negara uga ngendikan, Manawa pamarentah bakal maringi ganti rugi sato iwene parak andnag tani lan peternak sing dibrastha. Saben 1 sato iwen sing dibrastha entuk ganti rugi Rp10000. Kabeh wis padha sarujuk, Manawa sato iwen kasebut kudu dibrastha. Ing rapat konsultasi Departemen Pertanian (Deptan) karo Komisi III DPR RI ditetepake “Status Darurat”, senajan akibat saka wabah manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) iki njalari potensi kerugian nasional nganti 7,7 trilyun rupiyah, durung kepetung ancamane tumrap manungsa lan gawe panike masyarakat, mangkono manut pangandikane Ketua Komisi III DPR RI. Masalah manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) dudu mung masalahe pamarentah Indonesia wae, nanging wis dadi masalah social lan masalah internasional, jalaran yen nganti virus manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) kasebut pindhah menyang manungsa akibate bakal fatal. Mula pamarentah uga sepakat nindakake langkah kanggo ngadhepi manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) iki saiyeg ing tlatah regional, nasional, nganti internasional. Kanggo ngatasi panyebare manuk pilek (flu burung/ virus H5N1), Deptan oleh pasarujukan saka Komisi III DPR RI ngajukake dhana 212 milyar rupiah. Dhana kasebut bisa uga bakal tambah gumantung kahanane mengkono. Dhana kasebut bakal digunakake kanggo tuku vaksin, ngreski lan nyemprot kandhang pitik, musnahake sato iwen kang kaserang manuk pilek (flu burung/ virus H5N1), penerangna, alat laboratorium, lan sapiturute. Yen penanggulangan kanthi cara dimusnahake, lan vaksine efektif, diajab jroning wektu nem wulan wabah manuk pilek (flu burung/ virus H5N1) bisa diatasi. Mung status bebas total lagi bisa ditetepake yen wis telung taun kliwat.


(Sumber: Kompas Edisi Senin 3 November 2008 Kanthi owah-owahan saperlune).
http://ithinkeducation.blogspot.com/2013/09/artikel-flu-burung-ten-boso-jowo.html


Artikel 1 FLU BURUNG

1.      Tembung Aran


·         Kurban
·         manungsa
·         manuk
·         wong
·          Korban
·         Wanita
·         Joko Suyono
·          Pitik
·         Bebek
·         Menthog
·         Ilmuwan
·         Alat
·         Bapak
·         Menteri
·         Istana
·         Negara
·         Virus
·         Departemen
·         Vaksin
·         Tani
·         DPR
·         Kandhang
·         Ruang
·         Peternak


Tembung ing dhuwur termasuk jenising tembung aran amargi tembung mretelaaken namaning barang utawi apa mawon ingkang dianggep barang.
2.      Tembung Kriya

(a) Tembung Kriya Tanduk Mawa Lesan


·         Nulari
·          Maringi
·         Nindakake
·         Musnahake
·         Nularake
·         Maringi
·         Nemahi
·         Nyerang
·         Ngancam
·         Nyemprot
·         Ngajukake
·         Ngalami
·          Ngadhepi
·         Ngatasi
·         Ngreseki
·         Ngakibatake
·         Nanggulangi
·         Mbebayani
·         Ndadkekak


Tembung ing duwur mlebet tembung kriya mawa lesan amargi mbetahaken lesan, antarwisipun riketan ater-ater anuswara kaliyan panambang –i, -ake, -ke.

(b) Tembung Kriya Tanggap


·         Dialami
·         Dimusnahake
·         Dislametake
·         Dikhuwatirake
·         Diajab
·         Disebabake
·         Ditularake
·         Katetepake


Tembung ing duwur mlebet tembung tanggap amargi jejere subyek dados sasaran, lan rinaketan ater-ater ka-, ke-, -in.
(c) Tembung kriya tanpa lisan


·         Tekan
·          Mlebu
·         gawe
·         tuku

Tembung ing duwur mlebet tembung kriya tanpa lisan amargi boten mbetahaken lesan.
3.      Tembung Kaanan


·         Panas
·          angel
·         Gampang
·         Efektif
·         Fatal
·         Darurat
·          lemes


Tembung ing dhuwur mlebet tembung kaanan amargi mretelake watak sawijining barang utawi bab.

4.      Tembung Katrangan

·         Akeh
·         Tekan
·         Meh
·         Kabeh
·         Suwe
·         Paling
·         Bisa
·         Banget
·         Ora
·         Wae
·         Wis
·         Padha
·         Bisa
·         Saben
·         Entuk
·         Mung


Tembung ing dhuwur mlebet tembung katrangan amargi suka katrangan dhateng tembung kriya, kaanan, aran, saha wilangan

5.      Tembung Sesulihan Kata Ganti
a. Tembung sesulihan parusa
·         awake dhewe
b. Tembung sesulihan panuduh
·         saiki, Iki, mangkono
c. Tembung sesulihan pitaken
·         sapa wae, Sapa, apa
Tembung ing dhuwur mlebet tembung sesulih amargi dipunginakaken minangka sesulihing tiyang, bab, barang utawi nemapa kamawon ingkang kaanggep barang.
6. Tembung Wilangan
·         220 wong, ke-100, 1000, 124, jutaan, nem wulan, telung taun.
Tembung ing dhuwur mlebet tembung wilangan amargi mretelaken gungguning barang.


7. Tembung Pengandeng

·         Dening
·         Kang
·         Lan
·         Dadi
·         Kasebut
·         Soto iwen
·         Utawa
·         Supaya
·         Kayata
·         Kajaba
·         Menawa
·         Uga
·         Senajan
·         Kanthi
·         Nanging
·         Kaya  
·         Nemahi
·         Antarane
·         Saka
·         Kalebu 
·         lagi


Tembung ing dhuwur mlebet tembung panggandheng amargi kaginakaken kangge nggandheng tembung kaliyan tembung, frasa kaliyan frasa, saha ukara kaliyan ukara.

8. Tembung Ancer-ancer

·         mulane
·         Wiwit
·         Ing
·         Nganggo
·         Yen
·         Karo
·         Mula
·         Sing
·         Yen  
·         Marang



Tembung ing dhuwur mlebet tembung acer-acer amargi ginanipun kange ngacer-anceri papan utawi ngacer-ngaceri tembung aran.
9. Tembung Penyilah
·         Para
            Tembung ing dhuwur mlebet tembung penyilang amargi kaginakaken kangge nyilahaken satunggale patrap


Selasa, 17 September 2013
Artikel Demam Berdarah


(sumber/ source: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: PenerbitErlangga.)

Demam berdarah sawijine penyakit mbebayani sing ditularake dening nyamuk aedes aegypti. Penyakit sing dikenal wiwit taun 1954 iki isih durung ana obate. Gejala penyakit demam berdarah iki meh kaya wong lara flu utawa kena lara thypus. Gejala penyakit Demam berdarah yaiku awak panas dhuwur, napsu mangan kurang, tutuk rasane pait, lan lumrahe yen dipeksa mangan kudu mutah. Yen wis nemen lumrahe ing kulit mlenthing-mlenthing abang. Pasien sing gampang kena penyakit Demam berdarah lumrahe bocah cilik, mligine bocah sing isih balita. Awit bocah cilik mono, daya tahan lan kekebalan awake tumrap penyakit durung sepira kuwat. Mulane, yen ora ana bocah cilik lara panas lan ora enggal mudhun panase, prayogane enggal digawa menyang dhokter utawa Puskesmas. Wabah penyakit Demam berdarah iki duwe siklus wabah limang taunan. Saben limang tahun sepisan biasane asring dumadi wabah penyakit Demam berdarah. Siklus iki dumadi saka pengaruh puncak ngrembakane nyamuk aedes aegypti manut rentang wektu limang taunan. Nyamuk aedes aegypti lumrahe ngrembaka lan babar tumangkar ing mangsa rendeng. Awit ing mangsa rendheng, lumrahe akeh banyu sing padha mambeg lan ora bisa mili kanthi lancar. Nyamuk aedes aegypti kalebu banyu sing resikan, awit nyamuk iki ora gelem ing papan banyu sing reged, nyamuk iki ngendhog lan babar tumangkar ing banyu sing resik, kayata: ing banyu jedhing, genthong utawa genuk, ing blumbang sing resik, ing banyu pot kembang, botol, lan umplung kosong sing kaisi banyu udan, lan sapiturute. Kanggo nyegah supaya penyakit Demam berdarah ora dadi wabah epidemic, ana 3 cara sing diarani 3M. 3M kasebut cekakan saka tembung Menguras, Mengubur, Menutup. Menguras maksude yaiku nguras jedhing utawa bak mandi saben 3 dina pisan. Aja nganthi jedhing digawe ngendhog nyamuk sing nganti bisa babar tumangkar dadi uget-uget nuli ing nglare nyamuk wiwit saka endhog nganti dadi nyamuk mung butuh wektu kurang luwih limang dina nganti saminggu. Mulane, yen saben 3 dina dikuras, bisa nugel proses ngrembakane nyamuk. Menutup tegese nutupi wadhah banyu kayata: genthong utawa genuk, ceret, kendhi utawa wadhah ngombe liyane aja nganti bisa diliwati nyamuk. Wondene menimbun tegese ngurug wadhah wekas limbah rumah tangga sing arupa botol kosong, kaleng, cepuk, lan sapiturute sing bisa kanggo ngendhog nyamuk yen kisinenan banyu udan. Sing luwih wigati saben wong kudu duwe prinsip luwih becik nyegah tinimbang ngobati. Awit yen wis kena penyakit, banjur mlebu Rumah Sakit akibate bisa mbebayani. Kajaba wragad sing ora sethithik, resikone yen wis nemen bisa nggawa nyawa. Wis akeh pasien sing Rumah Sakit sing ninggal merga saka kena penyakit Demam berdarah. Kajaba 3 M sing dhuwur, sing wigati saben wong kudu bis njaga karesikan dhiri pribadi. Kita kudu bisa njaga karesikan ing njero lan ing njaba omah. Aja kemproh! Ndeleh barang utamane klambi sing reged pating slampir sing bisa kanggo sarange nyamuk. Sadurunge turu prayogane kamar disemprot dhisik nganggo obat anti nyamuk utawa nganggo krim anti nyamuk, obat nyamuk bakar, elektrik lan sapanunggale. Pekarangan ing sajabane omah kudu asring diresiki. Got sing banyune mambeg kudu diilekake, supaya ora dadi panggonan sing bisa kanggo ngrembakane nyamuk.


(Sumber: Jawa Pos, Edisi Sabtu, 24 September 2005, kanthi owah-owahan saperlune.)

Artikel ke 2 DEMAM BERDARAH

1.      Tembung Aran

·         Nyamuk
·         Bocah
·         Pasien
·         Balita
·         Banyu
·         Pot
·         Kembang
·         Limbah
·         Botol
·         Umplung
·         Jedhing
·         Genthong
·         Genuk
·         Ceret
·         Kendi
·         Wadah
·         Rumah tangga
·         Botol
·         Klambi
·         Kaleng
·         Cepuk
·         Klambi
·         Omah
·         Obat
·         Uget-uget
·         Blumbang
·         wong
·         Krim
·         bak


Tembung ing duwur mlebet tembung aran amargi mratelaken namaning barang utawi menopo kemawon ingkang keanggep barang.


2.      Tembung Kriya

a.       Tembung Kriya Tanduk  Mawa Lesan


·         Mbebayani
·         nutupi
·         dumadi
·         ngrembakake
·         nyegah
·         menguras
·         mengubur
·         menutup
·         ngombe
·         ngobati
·         ngendhog
·         nguras


Tembung ing duwur mlebet tembung kriya mawa lesan amargi mbetahaken lesan, antarwisipun riketan ater-ater anuswara kaliyan panambang –i, -ake, -ke.


b.      Kriya Tanggap


·         Ditularake
·         Digawa
·         Ditularake
·         Dipeksa
·         diliwati
·         diarani
·         dikenal
·         diilekake


Tembung ing duwur mlebet tembung tanggap amargi jejere subyek dados sasaran, lan rinaketan ater-ater ka-, ke-, -in.


c.       Tembung Kriya Tanpa Lisan


·         ngendhog
·          mangan
·          mudhun
·         nugel
·         nggawa
·         dheleng
·          turu
·         Bakar


Tembung ing duwur mlebet tembung kriya tanpa lisan amargi boten mbetahaken lesan.
3.      Tembung Kaanan


·         Dhuwur
·         Panas
·          Pait
·         Becik
·         Abang
·         Cilik
·         Kuwat
·         Panas
·         Reged
·         Resik
·         Kosong
·         Wekas
·         Pating slampir
·         Rendheng
·          Gampang
·          Akeh
·         Puncak
·         lancar
·         rentang


Tembung ing dhuwur mlebet tembung kaanan amargi mretelake watak sawijining barang utawi bab.

4.      Tembung Katrangan

·         Dhurung
·          Ora
·          Isih
·          Lara
·          Ana
·         Dadi
·          Bisa
·          Njero
·         Njaba
·         Wis
·         Enggal
·         Meh
·         Akeh
·         Luwih
·         Nemen
·         Padha
·         Sadurunge


Tembung ing dhuwur mlebet tembung katrangan amargi suka katrangan dhateng tembung kriya, kaanan, aran, saha wilangan.










5.      Tembung Sesulih

a.       Sesulih Purusa
Awake, dhiri pribadi
b.      Sesulih pitaken
Sepira
c.       Sesulih Panuduh
Iki

Tembung ing dhuwur mlebet tembung sesulih amargi dipunginakaken minangka sesulihing tiyang, bab, barang utawi nemapa kamawon ingkang kaanggep barang.

6.      Tembung Wilangan


·         1954
·         Limang taun
·         Telu
·         Sethithik
·         Sepisan


Tembung ing dhuwur mlebet tembung wilangan amargi mretelaken gungguning barang.

7.      Tembung Panggandheng

·         Dening
·         Lan
·         Yaiku
·         Utawa
·         Saka
·         Kayata
·         Kajaba
·         Supaya
·         Merga
·         Tinimbang
·         Tegese
·         Kaya
·         Dumadi
·         Kasebut
·         banjur


tembung ing dhuwur mlebet tembung panggandheng amargi kaginakaken kangge nggandheng tembung kaliyan tembung, frasa kaliyan frasa, saha ukara kaliyan ukara.

      8. Tembung Ancer-ancer

·         Wiwit
·         Sing
·         Ing
·         Awit
·         Yen
·         Aja
·         Nganggo
·         Menyang
·         Mung
·         Dadi
·         Kanggo
·         Awit
·         Tumrap


Tembung ing dhuwur mlebet tembung acer-acer amargi ginanipun kange ngacer-anceri papan utawi ngacer-ngaceri tembung aran

.

      9. Tembung Panguwuh

·         Aja kemproh.

Tembung ing dhuwur mlebet  tembung panguwuh amargi mga,bralen wedhaning raos ngongkon.

hooorrrreyyyyyyyyy .......... selesaiii :)

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright © 2015 ZAHRATUL WAHDATI
| Distributed By Gooyaabi Templates